WELCOME TO MY BLOG

Blog ini hanyalah kesenanganku semata, ..
Yang InsyaALLAH akan memberikan manfaat bagi kita semua... Amin,,,,

Jumat, 03 Februari 2012

contoh parikan

1) siji loro telu papat
kabeh iku aran angka
ayo kanca padha tobat
yen kepengin mlebu surga

2) rambut rikma irung grana
dhadha jaja dhengkul jengku
awak lara tur cilaka
tansah kelingan sliramu

3) tuku arit
ora lali karo palu
dadi murid
kudu sing sregep sinau

4) moro sawah
ndhelok petanine ngluku
cah sekolah
aja wani marang guru

5) kembang mlati
mung ana ing pinggir kali
yen dipuji
aja nambah gedhe ati

6) kembang gedhang
iku tuntut
yen diajar
kudu manut

7) demak iku kota wali
kudus iku kota kretek
yen kepengin diajeni
aja tumindak sing elek

8) ana anak
ana ibu
tambah tua
tambah ilmu

9) numpak dokar
ana sampinge pak kusir
dadi bocah
kudu gemi lan setiti

Tidak ada komentar:

Posting Komentar